Friday, November 03, 2006

Nyumbang Geteh .. saiki lemes ...

Damn .. saiki aku lemes banget ... goro2 mau isuk nyumbang geteh gawe PMI .. posisine sih ndek kantor Ad-Ins ... jadi PMI-ne nggowo peralatane komplit nang Ad-Ins .. yo rak kaget .. wong wes piro kali koyok ngene ...

mestine aku rak meh nyumbang kali iki .. soale wingi mbengi turu jam 4 tangi jam 8 isuk digugah riki ... terus sesuk meh basket sisan .. bakal lemes aku neng nyumbang geteh .. tapi isuk2 mau ditelpon bos gedhe kabeh cah2 MAX kon nyumbang kabeh ... yo wes lah .. daripada mengko disemprot meneh .. yo rodok kepokso lungo kono ... tapi benere emang aku saiki wes rodok nyandu donor sih .. bar donor rasane enak ngono mahuahuahuahuahu ....

Sing lucu .. ono cah MAX anyar jenenge Bery .. iso wedhi banget disuntik .. tak pekso tetep melu lungo Ad-Ins .. ndek kono deen iso gemeteran dhewe ... heuhuehuehue ... wedhi2 ngono ... akhire yo rak sido nyumbang ... si Eric lagi loro pilek karo meriang ... jadi rak intuk donor .. si chandra malah durung turu babar blas. .. lha wong edan .. nopo wae coba rak turu deen ...

Saiki aku ngeleh banget .. durung mangan .. tapi mau wes makan supermie 2 karo ndog godhok 2 pisan ... susu rong gelas ... tak pikir wes wareg ... tapi saiki malah ngeleh ...

Mestine nek turu kurang teko 4 jam rak intuk donor ... tapi wes kadung tekan kono .. nanggung .. donor sekalian lah .. jarene sih iso ngelu2 nek kurang turu .. lha emang ngelu sih saiki .. tapi yo rak terlalu parah ... untunge kuat aku .. tapi saiki ngantuk ... hoaemmmm ...

ampun ....

2 Comments:

At Fri Nov 03, 02:54:00 PM 2006, Blogger DX wrote :

tull ta' ntull ta' ntull..
bahsa jowo advance aye ra ngertossh!

 
At Fri Nov 03, 07:11:00 PM 2006, Anonymous Anonymous wrote :

ben lemes sing penting oleh Pop Mie karo Susu. iyo kan mas?

 

Post a Comment

<< Home